Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

Gambar Produk 1
Jasa Desain Kaos, Desain Batik , LOGO dan desain grafis lainya
Email : mastertracer69@gmail.com

Contoh Teks Naskah Kata Sambutan Pidato Lamaran Bahasa Jawa Singkat

contoh-teks-naskah-kata-sambutan-pidato-lamaran-bahasa-jawa-singkat
Contoh Teks Naskah Kata Sambutan Pidato Lamaran Bahasa Jawa Singkat 

Kata Sambutan Pidato Lamaran Bahasa Jawa adalah pembukaan kata sambutan acara lamaran yang resmi yang berkaitan dengan acara menjelang pernikahan calon mempelai pengantin pria dan pengantin wanita . Berikut adalah Contoh Teks Naskah Kata Sambutan Pidato Lamaran Bahasa Jawa Singkat

Contoh teks naskah kata sambutan pidato lamaran bahasa jawa singkat 1

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh

Panjenenganipun para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten, punapa dene panjenenganipun para tamu kakung kalian putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.

Kanthi pepayung budi rahayu saha hangunjukaken raos suka syukur dhumateng Gusti. Mugi Rahayuna Sagung Dumadi tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangluberana dhumateng kawula.

Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulaksarik, dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardikan penjenengan sadaya ingkang katemben wawan pangandika, inggih awrahtipun hamestuti jejibahan luhur kula piniji. Minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bapak….sekalihan.

Panjenenganipun Bapak…..sekalihan garwa ingkang pantes katuran sagunging pakurmatan, kula pinangka sulih sarira saking panjenanipun Bapak….sekalihan, ingkang sepisan, ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumarambah para kulawarga samudayanipun.    

Jangkep kaping kalih , ing nguni sampun wonten pirembagan, ing antawisipun Bapak…sekalihan, hanggadhahi putra kakung kekasih pun Bg………kaliyan Bp…..sekalihan garwa ( ingkang mengku gati ) hanggadahi Kenya siwi sesilih Rr….

Gulomonging pirembagan nedya hangratekaken balung pisah daging arenggang, babasan ngebun-ebun anjejawah sonten, ndodhok latar, ndodok lawang sumendya nginang jambe suruhe. Kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anngenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta, rasa, miwah karsa, ingkang punika saking agenging manah panjenenganipun Bapak….sekalihan, anngenipun katampi panglamaripun Pramila ing kalenggahan punika, ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkepipun tatacara salaki rabi.

Wondene ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun Bapak…sekalihan garwa inggih punika :

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudtipun, kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah racketing kekadhangan, saengga mboten saged pisah salami-laminipun.

Kasoking tresna Bapak…..sekalihan dhumateng Bapak….sekalihan garwa, ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ….ing pangajab pinangka agemanipun badhe / calon penganten putri. 

Mboten kekilapan Bapak….sekalihan ngaturaken redana wujudipun arta, kenginga damel ngenteng-enthengi anggenipun Bapak….sekalihan garwa ( Ingkang mangku gati ) netepi darmanipun sepuh hamiwaha putra mahargya siwi. Kajawi punika, panyuwunipun Bapak…sekalihan, ing benjang menawi sampun dumugi titi wanci tumapaking gati, mugi calon penganten kaijabna saha kapanggija anut, satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki. 

Minangka, pungkasaning atur, hambok bilih Bapak….sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kekiranganipun, mawantu-wantu nyuwun agenging samodra pangaksami. Semanten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenenganipun. Bapak….sekalihan, menawi wonten gonyak-ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingkang singkar ing reh tete krami, kawula nyuwun sihing samodra pangaksami. Akhirul kalam. Billahi taufik wal hidayah, Wassalamu”alaikum Wr.Wb 

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh

Contoh teks naskah kata sambutan pidato lamaran bahasa jawa singkat 2


Nuwun,

Dhumateng panjenganipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan, miwah para rawuh ingkang dhahat kinurmatan.

Awit saking nugrahaning Gusti Allah SWT, saha pangestu panjengan sami, sowan kula sakanca wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan tansah pikantuk karaharjan, kalis ing sambekala.

Saderengipun kula ngaturaken menggah babaring sedya, langkung rumiyin keparenga kula sakanca nderek pitepangan dhumateng panjengan sedaya.

Nami kula …… ingkang wonten sisih tengen kula punika Bapak ………… dene ingkang sisih kering kula punika Bapak ……. Kula tetiga taksih kalebet satunggal perumahan kaliyan Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) Ingkang kepareng utusan.

Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan ingkang dhahat kinurmatan. Keparenga kula ngaturaken wigatosing sowan kula ing ngarsa panjengan sekaliyan.

Ingkang angka sepisan, inggih silaturahmi dhumateng Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan, saha bapak/ibu ingkang sami rawuh ing pepanggihan punika.

Ingkang angka kalih, sowan kula wonten ing mriki kinantheni salam taklim saking Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) katur wonten ngarsanipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin putri) sekaliyan.

Ingkang angka tiga, kula kinen ngembun-embun enjang anjejawah sonten, nglamar putra-putri panjengan ingkang asesilih Rara (nama calon pangantin putri). Inggih awratipun dados tiyang sepuh ingkang dipun tangisi putra, pramila lajeng utusan kawula tetiga.

Pramila mbokbilih danganging panggalih lan wonten keparengipun inkang putra kasuwun kadaupaken kaliyan putra kakungipun Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) ingkang peparab (asma calon pangantin kakung). Aturing Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) sekaliyan ingkang pungkasan mbokbilih panyuwunipun dipunkeparengaken, sadereng lan sasampunipun nyuwun agunging panuwun ingkang tanpa pepindhan.

Mekaten atur kula minangka sulih sarira saking Bapak (asma tiyang sepuh calon pangantin kakung) sekaliyan, mbokbilih wonten atur saha patrap ingkang nuju prana, kula naming saged nyuwun pangapura dhuamteng panjengan sedaya.

Maturnuwun

Contoh teks naskah kata sambutan pidato lamaran bahasa jawa singkat 3

Assalaamu’alaikum warahmatullaahi wabarakaatuh
Alhamdulillahirabbil ‘alamin. Allahuma shalli ‘ala Muhammad, wa ‘ala alihi washahbihi ajma’in. 

Puji syukur, kita konjukaken dumateng ngarsanipun Allah Swt, ingkang sampun paring kathah rahmat ugi kanikmatan dhumateng umatipun, saengga dumugi titi wanci menika, kita sedaya tansah manggih ing karaharjan, widada astuti, nir ing sambekala. 

Shalawat sarta salam, mugi tansah tinetepna kagem junjungan kita Rasulullah Muhammad Saw, sumrambahipun dhumateng kulawarga Nabi, para sohabatipun sedaya. Wonten ngarsanipun para pinisepuh lan sesepuh kulawarga Bapak Ahmad Shiddiq ugi Ibu Sulami ingkang satuhu kinabekten, hadirin ingkang dhahat kinurmatan, keparenga kula kumowantun matur wonten ngarsa panjenengan sedaya, minangka sulih atur Bapak Daman Siri sakulawarga, ingkang pidalem wonten ing Desa Tegalampel, Kecamatan Karangdowo, Kabupaten Klaten. Ingkang Sepindah, Bapak Daman Siri sakulawarga ngaturaken salam taklim kanthi atur “Assalamu ‘alaikum wr.wb”, katur keluarga besar Bapak Ahmad Shidiq, sinartan atur panuwun ingkang tanpa upami, bilih sowan kula sak rombongan sampun katampi kanthi sae ugi kanthi renaning penggalih. 

Kaping kalihipun, netepi jejegipun tiang sepuh, Bapak Daman Siri kaliyan Ibu Nurgiyati ingkang peputra Dhimas Saat Abrori, dipun sambati dening putranipun, dene anggenipun srawung kekancan kalian Nimas Fatimah zahro Ash shidiqoh putra putrinipun Bp. Ahmad Shidiq , tambah raket, nuwuhaken raos tresna ingkang tan kena pinisah. Golonging tekad, Dhimas Saat Abrori nedyo ngajak bebrayan wontening ikatan perkawinan ingkang suci. 

Kanthi menika, Bp Daman Siri sakulawarga sowan wonten ngarsanipun kulawarga Bp Ahmad shidiq, kanthi sedya nglamar putrinipun, ingkang sesilih Nimas Fatimah Zahro Ash Shidiqoh Njangkepi sowan kula sakrombongan, kula aturaken ugi uba rampe rerangkening pirembagan, ingkang arupi kalpika/cincin lan oleh-oleh sakcekapipun. Mugi saget katampi, lan ndadosaken rumaketing silaturahmi antawisipun kulawarga Bp Ahmas Shidiq lan kulawarga Bp Daman Siri. Amin. Makaten ingkang dados atur kula pinangka talangipun atur keluwarga. Mbok bilih wonten klenta klentu saha kebat kliwating atur kula ingkang mboten ndadosaken serjuning penggalih, saestu kula nyuwun lumunturing sih samudra pangaksami. 

Wabilahitaufiq walhidayah, Wassalamu ‘alaykum wr.wb