Skip to content Skip to sidebar Skip to footer

Widget HTML #1

Gambar Produk 1
Jasa Desain Kaos, Desain Batik , LOGO dan desain grafis lainya
Email : mastertracer69@gmail.com

Contoh Pidato Bahasa Jawa Kata Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran Singkat

contoh-pidato-Bahasa-Jawa-Kata-sambutan-Tuan-Rumah-acara-Tasyakuran-singkat
Contoh Pidato Bahasa Jawa Kata Sambutan Tuan Rumah Acara Syukuran Singkat 

Kata sambutan tasyakuran acara wisada merupakan bagian dari contoh cara berpidato sederhana di depan umum yang melatih berbicara dengan naskah atau konsep yang benar sehingga dengan kata sambutan para tamu undangan dapat memahami apa saja pesan - pesan maupun rangkaian acara yang akan berlangsung.

Yang menarik adalah bagaimana cara membuat konsep naskah pidato Bahasa Jawa dengan Kata sambutan Tuan Rumah dalam acara Tasyakuran Wisuda Sarjana singkat . Bahasa Jawa yang digunakan juga harus memiliki kosa kata yang baik dan sopan.

Berikut adalah contoh pidato Bahasa Jawa Kata sambutan Tuan Rumah acara Tasyakuran Wisuda Sarjana singkat

Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Alhamdulillahi robbil’alamin, washho-laatu wassa laamu ‘ala asysyrofil ambiyaa-i wal mursaliina wa’ala aalihi wa askhaabihi ajma’in. Asyhadu anlaa ilaaha ilallohu wahdahu laa sarii kallah, wa ashadu anna muhammadan ‘abduhu wa rosuuluhu laa nabiya ba’dah. Allohumma sholi’ala mukhammad, wa’ala ali mukhammad, amma ba’du.

Nuwun!

Para sesepuh, pinisepuh, dalah pangemban pangembating praja ingkang kinabekten,
Para alim ulama’ah almaghfirroh KH. Syarifuddin ingkang satuhu kinabekten,
Para tamu undangan ingkang kinurmatan,

Sumangga langkung rumiyen tansah ngunjukaken raos puji syukur wonten ngarsa dalem Alloh SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kita sedaya, sahingga kula panjenengan sami saged lenggah makempal, manunggal ngrawuhi menapa ingkan dados undanganipun Bapak Madsumedi sakaluwarga wonten menika papan kanthi wilujeng tanpa satunggal alangan menapa.

Shalawat saha salam mugi tansah katetepna dumateng nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, para kaluwarga, sahabat, saha pengikutipun mugi sumrambah dumatheng kula panjenengan sedaya. Aamiin.
Salajenganipun, kados menapa ingkang sampun kaserat wonten serat ulem. Bilah panjenengan sedaya katur rawuh ing griya Bapak Madsumedi kagem ngawontenaken satunggaling syukuran amargi putri mbarep saking Romo Madsumedi sampun purna anggenipun pasinaon ing STMIK IM Bandung

Sanggayaning para rawuh ingkang bagya mulya, kula minangkani supados dados badal wakilipun Bapak Madsumedi, ngambali atur pambagya sugeng rawuh kairing atur panuwun ingkang mawantu-wantu dene panjenengan sedaya sampun kersa nglonggaraken wekdal, ngenthengaken sarira saperlu rawuh wonten papan menika.

Salajenganipun kados sampun kapacak wonten ing serat sedhahan ingkang dados wigatosing sedya, inggah Bapak Madsumedi, sakaliyan mliginipun anakmas Waryanti kados kajugrugan ing wukirsari, awit nalika surya 27 September 2007 sampun winisuda minangka Sarjana Teknik ing Fakultas STMIK IM Bandung.

Ingkang menika bapak Madsumedi sakadang gotrah tansah memuji ing ngarsanipun Gusti mugi kanthi ungguling kawasisan sarta landheping kalantipanipun anakmas Waryanti, S.T lajeng saged angsal pidamelan ingkang kados pun kersakaken. Aamiin.

Para rawuh ingkang kinurmatan, mekaten ingkang saged ula aturaken awit asmanipun ingkang amengku gati, pinaggih kasaring atur, lepating paramasastra tuin kiranging trapsila sowan kula, saestu tansah nyuwun agunging samudra pangaksami.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

Demikian contoh pidato Bahasa Jawa Kata sambutan Tuan Rumah acara Tasyakuran Wisuda Sarjana singkat